Lintaskudus.com - Sekilas info Perkenalkan luur
Kiye jenenge duren bawor atau montong orange banyumas mateng wit. Hampir tiap umah ngarepe ana wit durene nang kecamatan kemranjen, khususe desa karangsalam, alasmalang, pageralang.
Buahe rasane legi pulen lan nek kematengen ana paite. Daginge kandel wijine gepeng cilik tur warnane kuning, kuning tua, orange. Penemu pertama kuwe pak H. Kromo seko desa karangsalam kemranjen. Di publikasi lan di kembangna nang Pak Guru Sarno alasmalang kemranjen.
Awal musim tahun kiye nang sasi november. Lan panen raya antara sasi desember. Monggo duluur.. do di sengkuyung duren montong asli banyumas.
EmoticonEmoticon